Showing posts with label Teks Deskripsi. Show all posts
Showing posts with label Teks Deskripsi. Show all posts

Latihan 3 Bahasa Jawa 10 SMA

SOAL 1

Teks sing nggambarake objek, panggonan utawa kedadean nganti njlimet/rinci, nganti sing maca kaya nyawang utawa ngalami dewe objek sing digambarake panulis, kalebu teks ...

SOAL 2

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolinggo. Ing kawasan sakiwa tengene gunung, kabut kumebul sumundhul ngawiyat. Manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem. Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan. Saperangan ana kang nenandur janganan.

Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks ...

SOAL 3

Saka wacan ing ndhuwur masarakat urip ing kana nduweni pagaweyan minangka ....

Pembahasan



Share:

Latihan 2 Bahasa Jawa 10 SMA

SOAL 7

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Ibuku jenenge Wulandari. Praupane tansah sumunar kaya rembulan. Raine bunder kanthi alis tipis kaya semut sing mlaku. Pakulitane coklat, khas wanita Jawa. Dedege ora dhuwur utawa cedhak. Rambute ireng ngandhan-andhan.

Objek kang diandharake ing paragrap ing dhuwur yaiku ...

SOAL 8

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Grojogan Sewu inggih menika salah satunggaling objek wisata air terjun alam ingkang wonten ing Tawangmangu, Karanganyar, Jawa Tengah. Saking gerbang, kedah mandhap undhak-undhakan, kita disuguhi pasawangan ingkang sae sanget. Kathah kethek nggantung ing pang-pang wit. Wonten ugi ingkang lungguh utawa mlayu ngubengi undhak-undhakan.

Isine paragrap deskripsi ing dhuwur yaiku ...

SOAL 9

Hawa kang anget campur kalayan semilire angin ing wayah sore.

Ukara ing dhuwur ngandharake kaya-kaya bisa ...

SOAL 10

Ancase penulisan teks deskripsi yaiku ...

Pembahasan


>> Selanjutnya

Share:

Latihan 1 Bahasa Jawa 10 SMA

SOAL 1

Wacanen paragrap ing ngisor iki!

(1) Semengko pit wis duwe maneka warna jeneng lan model. (2) Ana pit roda telu kanggo balita, pit mini, pit kumbang, nganti pit tandhem kang bisa digenjot bareng. (3) Malahan ing jagading balapan pit udakara telung jinis pit lomba yaiku pit kanggo dalan alus nganggo kombinasi gir kang beda siji lan sijine, pit track kang duwe gigi mung siji, lan pit gunung kang duwe patlikur gigi.

Gagasan baku saka pethilan paragrap ing dhuwur dumunung ana ukara angka ....


SOAL 2

Miturut ahli bahasa Prof. Henry Guntur Tarigan, maca jinise ana loro yaiku maca nyuwara lan maca ....

SOAL 3

Paragrap kang ukara pokoke manggon ana ing ngarep paragrap, banjur kasusul ukara-ukara panjlentreh diarani ....

SOAL 4

Paragrap kang nggambarake sawijining objek kanthi trewaca yaiku ...

SOAL 5

Gambarake perkara tartamtu jenenge ...

SOAL 6

Wacanen wacan ing ngisor iki!

Lumrah manungsa duwe pepinginan kang becik. Ora ana manungsa sing kepengin nemu kedadean sing ala. Mula banjur ana tembung beja lan cilaka. Nemoni kedadean sing nyenengake sinebut beja. Dene, nemoni kedadean ora nyenengake adate banjur diarani cilaka. Wacan kasebut tuladha paragrap ...

Pembahasan


>> Selanjutnya

Share:

Popular Posts

Followers

Program

Sitemap

Blog Archive